Minggu, 02 Februari 2014
Sabtu, 01 Februari 2014
Biografi Tokoh_Atania Mazda (11205244048)
Sony Arya Santoso
Sony Arya Santoso, miyos wonten ing tlatah Sumatera 49 tahun kapengker. Pawiyatan ingkang dipun lampahi wiwit SMP dumugi SMA wonten ing Jakarta, amargi tiyang sepuhipun makaryanipun wonten Jakarta. Yoga kaping pitu saking 9 pasedherekan menika nate malang megung anggenipun ngayahi panguripanipun.
Ing Jakarta piyambakipun saged dipun wastani preman, amargi remen mabuk-mabukan lan ngompasi angkot wonten Jakarta. Boten saged mangkir, bilih piyambakipun nalika mlancong wonten Balisolah bawanipun ugi tasih mekaten. Anggenipun gesang wonten Bali menika saged dipun wastani bohemian.
Label:
Biografi Tokoh
Rabu, 29 Januari 2014
Artikel Wisata_Atania Mazda (11205244048)
Toya berkah lereng gunung sindoro
Umbul jumprit kaliyan sendang jumprit menika menawi dipun gatosaken sederhana sanget panggenanipun. Wonten sakkiwa tengenipun Umbul Jumprit kawontenan goa, hutan, kethek, maneka warni manuk, lembah, perkebunan, lanskap dataran tinggi lereng Gunung Sindoro, kaliyan deru anak sungai ingkang ngalir saking Umbul Jumprit.
Umbul Jumprit menika sumber air kangge Kali Progo, kali paling panjang wonten Jawa Tengah. 18 Januari 1987 dipuntetapaken sebagai Kawasan Wanawisata dening Pemerintah Kabupaten Temanggung kaliyan diresmiaken tahun 1988 dening Gubernur Jawa Tengah (sakmenika HM Ismail). Boten namung kaendahan alam kemawon ingkang dipunpameraken dening Umbul Jumprit, nanging ugi cariyos babagan Sejarah Kerajaan paling ageng wonten Nusantara, inggih menika Kerajaan Majapahit. Dalan mlebet wonten Umbul Jumprit menika diapit kaliyan gapura ingkang dhuwuripun 2,5 meter. Lajeng badhe dipun priksani lawang nomer kalih ingkang kadamel saking susunan batu hitam berarsitektur candi Hindu.
Label:
Artikel Wisata
Kamis, 23 Januari 2014
Straight news_Atania Mazda (11205244048)
Penambahan Wahana Enggal
Wonten Taman Pintar Yogyakarta
Yogyakarta 17 Desember 2013. Liburan sekolah, natalan warsa enggal ugi, papan rekreasi pendidikan Taman Pintar Kota Yogyakarta nambah wahana enggal. Wahana enggal tingkat Nasional Indonesia menika kangge para wisatawan uginipun para lare – lare saged ninggali produk seni Indonesia ingkang kualitasipun mboten kalah kalian negari majeng sanesipun Indonesia. Wahana menika dipunkepyakaken dening pemerintah Yogyakarta.
Label:
Straight News
Wacana Prosedural_Atania Mazda (11205244048 )
Ngrumat Pasuryan Kanthi Bahan Alami
Saben wanitha mesthi kepingin duwe kulit pasuryan sing kenceng lan alus mulus. Maneka cara dilakoni amrih bisa duwe kulit pasuryan kaya kang dipengeni iku. Akeh-akehe salon lan produk kosmetik tinamtu dadi pilihan. Nanging produk-produk kosmetik kaya iku ngandhut bahan-bahan kimia sing bisa nuwuhake efek samping lan tansah gumantung (ketergantungan). Lire saumpama lerenolehe nganggo ing jangka waktu tinemtu kulit bakal katonkusem kepara malah rusak. Ana bahan-bahan alami sing aman lan bisa aweh mupangat langsung tumrap kulit pasuryan. Dadi yen lagi aras-arasen utawa ora kober menyang salon bisa ditindhake dewe nang omah.
Jagung Manis
|
Bahan-bahan mau ing antarane jagung manis. Bahan iki akeh ngandhut vitamin lan zat-zat sing migunani kanggo kulit. Pilih jagung manis sing seger, diparut lrmbut, banjur dioleske kanthi warata ing pasuryan. Tunggu sauntara nganti jagung garing lan rumesep ing kulit. Yen wis, bilasi nganggo banyu anget lan diusap nganggo andhuk sing lembut. Kulit ora mung krasa seger, nanging bakal krasa kenceng lan alus sawise dimasker nganggo jagung manis.
Label:
Wacana Prosedural
feature news (Bali)_Atania Mazda (11205244048)
Umah Adat Bali Kanthi Konsep Asta Kasola – Kasoli
Asta kasola – kasoli inggih menika salah satunggaling cara ingkang dipunginakaken kangge nata lahan kangge papan panggenan kaliyan bangunan suci wonten omah tradisional Bali. Tatanan bangunan sakmenika adhedasar Anantomi tubuh ingkang kagungan griya. Pangukuranipun luwih ngutamakaken saking paraga empunipun ingkang kagungan griya. Masyarakat Bali boten ngginakaken meteran, ananging ngginakaken kados menika:
- Musti
Ukuran utawi dimensi ukuran tangan kanthi ngepel kaliyan jempol ingkang madhep nginggil
- Hasta
Ukuran sekilan jarak tangan tiyang dewasa saking pagelangan tangan dumugi ujung driji tengah ingkang kebikak
- Depa
Ukuran ingkang dipunginakaken antara kalih bentanganipun tangan ingkang dipunlentangken saking kiwa lajeng wonten tengen)
Lajeng samangkih ageng griyanipun ideal kaliyan empunipun ingkang kagungan griya. Kosmologi Bali menika saged dipungambaraken kanthi hirarki utawa runtut kados Tri Loka, inggih menika:
- Bhur Loka inggih menika dhasaring bangunan (kaki)
- Bwah Loka inggih menika badan bangunan (badan)
- Swah Loka ingih menika ateping bangunan (kepala)
Label:
Feature News