Penambahan Wahana Enggal
Wonten Taman Pintar Yogyakarta
Yogyakarta 17 Desember 2013. Liburan sekolah, natalan warsa enggal ugi, papan rekreasi pendidikan Taman Pintar Kota Yogyakarta nambah wahana enggal. Wahana enggal tingkat Nasional Indonesia menika kangge para wisatawan uginipun para lare – lare saged ninggali produk seni Indonesia ingkang kualitasipun mboten kalah kalian negari majeng sanesipun Indonesia. Wahana menika dipunkepyakaken dening pemerintah Yogyakarta.
Wahana standart Nasional Indonesia, mujudaken wahana enggal ingkang cumawis wonten ing Taman Pintar Yogyakarta. Wahana enggal menika dipunkepyakaken dening Walikota Yogyakarta, Haryadi Sayuti sarengan kaliyan Deputi Ormas dan Pemasyarakatan Standart BSN. Wahana kanthi standart SNI menika mujudaken wahana kanthi ngembanggaken maneka produk SNI lan Produk negari majeng. Wahana dipungatra bamper, ular tangga, supados mboten mboseni. Walikota Yogyakarta mratelaken, wahana enggal kasebat badhe dipunajab nambah kathaing wisatawan. Awit sakderengipun tahun 2012, Taman Pintar dados jujuganipun para wisatawan domestic saking sakjawine wewengkon ingkang jumlahipun ngantos 1.200.000 tiyang saben tahunipun.
Kepala UPT Taman Pintar mratelaken, supados para wisatawan mboten bosen dateng wonten Taman Pintar, mila Taman Pintar ndadosi kaliyan nambah wahana saben tahunipun. Sakmangkih Taman Pintar cumawis 47 wahana, dene saklebeting ambalwarsa UPT Taman Pintar ingkang kaping 5, tumrap para pelajar Yogyakarta saged dateng wonten Taman Pintar tanggal 17 Desember, dipun sukani kalodangan mlebet wonten maneka warna wahana, ingkang dipun caosaken kanthi lelahanan.
0 komentar:
Posting Komentar