Toya berkah lereng gunung sindoro
Umbul jumprit kaliyan sendang jumprit menika menawi dipun gatosaken sederhana sanget panggenanipun. Wonten sakkiwa tengenipun Umbul Jumprit kawontenan goa, hutan, kethek, maneka warni manuk, lembah, perkebunan, lanskap dataran tinggi lereng Gunung Sindoro, kaliyan deru anak sungai ingkang ngalir saking Umbul Jumprit.
Umbul Jumprit menika sumber air kangge Kali Progo, kali paling panjang wonten Jawa Tengah. 18 Januari 1987 dipuntetapaken sebagai Kawasan Wanawisata dening Pemerintah Kabupaten Temanggung kaliyan diresmiaken tahun 1988 dening Gubernur Jawa Tengah (sakmenika HM Ismail). Boten namung kaendahan alam kemawon ingkang dipunpameraken dening Umbul Jumprit, nanging ugi cariyos babagan Sejarah Kerajaan paling ageng wonten Nusantara, inggih menika Kerajaan Majapahit. Dalan mlebet wonten Umbul Jumprit menika diapit kaliyan gapura ingkang dhuwuripun 2,5 meter. Lajeng badhe dipun priksani lawang nomer kalih ingkang kadamel saking susunan batu hitam berarsitektur candi Hindu.
Rahinipun Boma Nerakasura kaliyan arca Dwarapala mbetho senjata gada kaliyan arca Hanoman wonten kiwo gapura. Sedoyonipun nggadhahi fungsi nolak dados penjaga utawi penghalau saking hal ingkang negative. Bangunan menika yuswanipun sampun atusan tahun. Saksampunipun mlampah kinten-kinten 100 meeter, saged dipunjumpai simpang tiga ingkang wonten arcanipun Dwarapala. Menawi arah kiri menika tumuju wonten Umbul Jumprit, lajeng menawi arah tengen mandap tangga tumuju wonten Makam Panembahan Ciptaning Ki kaliyan Nyi Nujum Majapahit. Nama Jumprit menika disebataken wonten Serat Centhini karyanipun pujangga jawa tahun 1815. “ Meturut cariyosipun, beliau inggih menika Seorang ahli nujum saking kerajaan Majapahit. Wonten ugi ingkang nyariosaken, bilih beliau salah satunggal putra Prabu Brawijaya raja Majapahit”.
Mata air kaliyan sendang jumprit wonten ing ngandhapipun gua wonten gua kasebut dipunrindangi kaliya sulur-sulur saking wit wonten nginggilipun.
Para bhiksu utawi tiyang biasa ingkang semedi wonten gua, asring sanget priksa wonten sakklebatan kethek putih ingkang naminipun ki dipo. Kethek-kethek ingkang manggen wonten umbul jumprit dipercaya bilih menika keturunanipun ki dipo ingkang kawin kaliyan kethek wedok saking gunung pleret. Sakmenika jumlah kethek ingkang wonten umbul jumprit jumlahipun 20 dumugi 30ekor, sendang jumprit menika dipunginakaken kangge kaperluan tirakatan utawi laku prihatin pengekangan diri kangge para pengunjung kanthi cara berendam wong sendang.
Air suci ingkang wonten sendang dipercaya kathah sanget berkahipun. Kawontenan arca batara Semar/ Ismaya dan arca bima ingkang saweg tanding tarung kaliyan Dewaruci wonten ing sekitar sendang. Awit saking tahun 1987, tiga dinten sakderenge riyaya waisak tiap tahunipun, para bhiksu saking 9 aliran agama budha sareng-sareng tindak wonting jumprit kagem berdoa kaliyan mendet toya berkah saking saking mata air sendang jumprit, kathahipun 10.000 kendi ingkang dipunpendhet kangge tirta suci ingkang dipunciprataken umat budha menawi saweg upacara puncak perayaan tri suci waisak di candi borobudur.
![]() |
Makam Panembahan Ciptaning Kiai kaliyan Nyi Jumprit
|

Salah satunggaling alesan kengeng menapa para bhiksu mendhet toya wonten sendang jumprit inggih menika amargi toya wonten Sendhang Jumprit paling murni dening kadar toyanipun sae. Mboten naming bhiksu saking Indonesia kemawon ingkang meditasi utawi mendhet toya saking Umbul jumprit, ananging para bhiksu saking Thailand utawi Srilanka ugi sami.
Puncak keramaianipun peziarah inggih menika Selasa Kliwon dan Jumat Kliwon, kthah sanget tiyang ingkang sami semedi wonten Umbul Jumprit, tujuanipun kangge ngilangi penyakit kaliyan pesugihan. Awit saking sak bibare semedi tabuh 24.00 dipun anjuraken sinten kemawon ingkang semedi lajeng buang ageman kangge symbol buang regetan utawi unsure negative kaliyan penyakit wonten diri. Saengga dipunarep-arepaken pagesangan ingkang anyar lan sae saklajengipun.
0 komentar:
Posting Komentar