Sony Arya Santoso
Sony Arya Santoso, miyos wonten ing tlatah Sumatera 49 tahun kapengker. Pawiyatan ingkang dipun lampahi wiwit SMP dumugi SMA wonten ing Jakarta, amargi tiyang sepuhipun makaryanipun wonten Jakarta. Yoga kaping pitu saking 9 pasedherekan menika nate malang megung anggenipun ngayahi panguripanipun.
Ing Jakarta piyambakipun saged dipun wastani preman, amargi remen mabuk-mabukan lan ngompasi angkot wonten Jakarta. Boten saged mangkir, bilih piyambakipun nalika mlancong wonten Balisolah bawanipun ugi tasih mekaten. Anggenipun gesang wonten Bali menika saged dipun wastani bohemian.
Kejawi saking menika, piyambakipun anggadhahi jiwa seni ingkang luhur. Sakmangsanipun dados preman menika remen nggambar wonten kertas, senaoso gambaripun namung cemeng pethak lan mboten sampurna, ananging piyambakipun kagungan daya ingkang saged ndamel turis saking Prancis menika kasengsem, inggih menika Elizabeth Pirat, piyambakipun psikolog lan pelukis ugi. Lajeng kekalihipun ngayahi kahuripan sesarengan.
Awit kepanggihipun kaliyan Elizabeth, Sony menika saged nata panguripanipun kanthi langkung sae. Piyambakipun ugi remen tumut pameran lukisan dumugi mancanegara, salah satunggalipun wonten kota Nice, Prancis. Amargi sampun kawentar, kekalihipun nggadhahi pepenginan saged ngawentaraken karyanipun dumugi njawi tlatah Bali. Pungkasanipun, ingkang dados pilihan inggih menika tlatah Jawi, estunipun wonten Borobudur. Menapa Borobudur? Amargi nggadhahi pariwisata ingkang sae, ananging kesenianipun dereng sae kadosta Bali.
Wonten ing Borobudur, piyambakipun mundhut pekarangan setunggal hektar ing dhusun Bejen, ingkang kalebet wonten ing desa wisata Wanureja. Kaliyan garwanipun, Sony boten namung damel griya, ananging wonten galeri, museum, kantor, kafe, pendhapa pamentasan Seni, ugi “homestay” ingkang dipunkhususaken kagem para turis lan seniman. Mapanipun kagolong unik, amargi ing tempuran antawisipun kali Elo lan kali Progo. Pramila panggenan menika dipun wastani Rumah Seni Elo-Progo.
Wonten ing mriki asil seninipun boten namung lukisan, ananging sedaya jinisipun seni saged kempal, para seniman saged nunjukaken kretifitasipun, boten namung seni tradhisi, ananging ugi seni modern.
Tahun 2004, garwanipun Sony, Elizabeth Pirat kondur wonten ngarsanipun Gusti amargi gerah kanker. Gangsal tahun saksampunipun, Sony nggarwa wanita saking Bandhongan, senaoso boten seniman kadosta Elizabeth Pirat. Ananging kaliyan wanita menika peputra,ingkang sakmenika umur 3 tahun.
Elo Progo Art House
Rumah seni Elo-Progo menika mujudaken konsistensi Sony wonten ing Seni.
Piyambakipun ndamel gubug wonten ing delta tempuran kali Elo-Progo menika. Sony asring katingal nglukis saha kungkum wonten ing banyu bening menika. Sony menika menawi gadhah pepenginan kedah sak dhet sak nyet, kabuktekaken saking griya saha bangunan-bangunan galeri menika namung betahaken wekdal 3 wulan anggenipun ndamel.
Sedaya bangunan menika arsitekturipun boten biyasa, ananging gabungan antawisipun bentuk bangunan tradhisi kaliyan modern. Bentukipun asimetris, tembokipun ngginaaken bata abrit ingkang boten dipun plester, dipun tambahi ngagem struktur tulang saking kayu, lan payon gendheng soka, mujudaken bangunan ingkang sarat tradhisi.
Lingkunganipun ndamel tentreming ati,kathah wit-witan, swanten banyu mili ingkang kemricik, lan kaendahan lembah kali Elo Progo ugi saking tebih katingal Gunung Merapi saha Merbabu ingkang ndadosake bangunan menika katingal sampurna.
Sony menika seniman lukis, ananging piyambakipun ugi ngraketaken seniman-seniman saking sedaya jinis seni. Kathah program-program seni ingkang asipat reguler ugi kontemporer dipun gelar. Antawisipun inggih menika Art Camp, Poetry Camp, lan La Luna ala Elo-Progo. Wonten ing La luna ingkang dipun wontenaken wulan Agustus biyasanipun dipun tampilaken seniman ing antawisipun : seni monolog, art performane, poetry performance, musik, musikalisasi puisi, pertunjukan diksi, seni ritual, painting, lan puisi. La luna ingkang nggambaraken wulan menika dipun wontenaken nalika wulan Purnama, amargi wulan purnama menika katon endah lan mistis.
Kejawi acara-acara menika, asring ugi dipun wontenaken workshop utawi diskusi seniman. Ingkang sampun nate mampir lan nunjukaken kreatifitasipun wonten ing Rumah Seni Elo-Progo menika ing antawisipun: Garin Nugroho, Sawung Jabo, Remy Silado, Amien Kamil, lan sapanunggalanipun. Kejawi seniman professional menika, kathah ugi seniman lokal Borobudur lan pemula ugi saking warga.
Sony ugi remen sanget njamu para tamunipun ngangge panganan ndesa. Pramila para turis lan seniman ugi remen mampir wonten ing mriki. Ing wekdal menika, Sony sampun kagolong seniman sukses.
Saking caritra kahuripanipun Sony Arya Santoso menika, kita saged mendhet piwulangipun, inggih menika kita kedah tekun anggenipun ngayahi hobi lan karemenan. Ugi boten pareng nglokro anggenipun nglampahi urip ingkang kathah rintanganipun.
0 komentar:
Posting Komentar