Kamis, 23 Januari 2014

Wacana Prosedural_Atania Mazda (11205244048 )


Ngrumat Pasuryan Kanthi Bahan Alami

Saben wanitha mesthi kepingin duwe kulit pasuryan sing kenceng lan alus mulus. Maneka cara dilakoni amrih bisa duwe kulit pasuryan kaya kang dipengeni iku. Akeh-akehe salon lan produk kosmetik tinamtu dadi pilihan. Nanging produk-produk kosmetik kaya iku ngandhut bahan-bahan kimia sing bisa nuwuhake efek samping lan tansah gumantung (ketergantungan). Lire saumpama lerenolehe nganggo ing jangka waktu tinemtu kulit bakal katonkusem kepara malah rusak. Ana bahan-bahan alami sing aman lan bisa aweh mupangat langsung tumrap kulit pasuryan. Dadi yen lagi aras-arasen utawa ora kober menyang salon bisa ditindhake dewe nang omah.
Jagung Manis

Bahan-bahan mau ing antarane jagung manis.  Bahan iki akeh ngandhut vitamin lan zat-zat sing migunani kanggo kulit. Pilih jagung manis sing seger, diparut lrmbut, banjur dioleske kanthi warata ing pasuryan. Tunggu sauntara nganti jagung garing lan rumesep ing kulit. Yen wis, bilasi nganggo banyu anget lan diusap nganggo andhuk sing lembut. Kulit ora mung krasa seger, nanging bakal krasa kenceng lan alus sawise dimasker nganggo jagung manis.
Kajaba jagung manis, uga ana kencur. Kajaba kencur kui kanggo bumbu pawon, jenis empon-empon siji iki uga dikenal minangka bahan obat. Kencur duwe piguna kanggo ngaluske kulit, ngrumat jaringan kulit sing kena iritasi, kanggo antiseptic lan mbiyantu ngilangi rasa lungkrah/pegel-pegel. Ramuan saka bahan kencursing dikenal kanthi wedhak adem, wis digunakake kawit jaman kuna. 
Kencur
Biasane bayi sawise lair nganti umur selapan diwenehi wedhak adhem saka ramuan kencur mau kanggo ngilangi utawa ngrontokake wulu-wulu sing thukul ing perangan rai. Dene wong tuwa-tuwa biyen uga tansah migunakake wedhak adhem kanggo ngedhem kulit lan ngilangke gosong-gosong (werna sing ora rata ing kulit pasuryan). Wedhak adhem kaya iku cocok yen digunakake ing dina sing panas.
Yen panjenengan kepengin gawe dhewe, bahan kanggo wedhak adhem kui cukup mayar. Glepung beras kanthi kualitas apik dicampur karo kencur sing wis digiling lembut. Takarane 5 dibandhing 1. Diglintiri cilik-cilik banjur dipepe. Wedhak adhem kaya iku bisa tahan nganti suwe.
Temugiring, empon-empon iki meh sakjenis karo kunir, nangging warnane luwih kuning. Bahan iki ngandhut antioksidan lan antiseptic. Temugiring dipunparut nganti lembut banjur dicampur glepung beras kanthi kualitas apik, diwenehi banyu setithik nganti dadi adhonan sing lumer. Oleske ing pasuryan kanthi warata. Dienteni nganti garing lan rumesep ing kulit. Yen wis, dibilas nganggo banyu manget-manget. Kulit bakal krasa luwih alus lan warnane uga luwih padhang.
Temugiring
Endhog, ngandhut protein dhuwur lan zat-zat liya sing dibutuhk dening kulit. Pilih endhog saka jenis pitik kampong sing isih anyar. Kanggo jenis kulit sing nglenga (berminyak), digunakake perangan kuningane wae. Kanggo ngilangi ambune sing amis, bisa diperesi jeruk pecel setithik. Oleske alon-alon ing pasuryan, tunggu nganti garing lan rumesep ing kulit. Yen wis, dibilasi nganggo banyu manget-manget banjur diusap nganggo anduk sing alus. Kulit pasuryan bakal krasa kenceng lan alus.
Endog
Iseh akeh maneh bahan-bahan alami ing sakiwa tengen lan gampang golek-golekane sing bisa dimanfaatke kanggo ngrumat pasuryan. Apa kang kaandharake ing dhuwur mung saperangan cilik wae. Yen sredep anggone nganggo bahan-bahan alami, asile ora bakal kalah karo yen tindak menyang salon utawa nganggo kosmetik-kosmetik sing regane larang nanging barang abal-abal (apus-apus).

0 komentar:

Posting Komentar