Kamis, 23 Januari 2014

feature news (Bali)_Atania Mazda (11205244048)


Umah Adat Bali Kanthi Konsep Asta Kasola – Kasoli

Asta kasola – kasoli inggih menika salah satunggaling cara ingkang dipunginakaken kangge nata lahan kangge papan panggenan kaliyan bangunan suci wonten omah tradisional Bali. Tatanan bangunan sakmenika adhedasar Anantomi tubuh ingkang kagungan griya. Pangukuranipun luwih ngutamakaken saking paraga empunipun ingkang kagungan griya. Masyarakat Bali boten ngginakaken meteran, ananging ngginakaken kados menika:

  • Musti 
         Ukuran utawi dimensi ukuran tangan kanthi ngepel kaliyan jempol ingkang madhep nginggil
  • Hasta 
        Ukuran sekilan jarak tangan tiyang dewasa saking pagelangan tangan dumugi ujung driji  tengah ingkang kebikak
  • Depa 
         Ukuran ingkang dipunginakaken antara kalih bentanganipun tangan ingkang dipunlentangken saking kiwa lajeng wonten tengen)

 Lajeng samangkih ageng griyanipun ideal kaliyan empunipun ingkang kagungan griya. Kosmologi Bali menika saged dipungambaraken kanthi hirarki utawa runtut kados Tri Loka, inggih menika:
  • Bhur Loka inggih menika dhasaring bangunan (kaki)
  • Bwah Loka inggih menika badan bangunan (badan)
  • Swah Loka ingih menika ateping bangunan (kepala)
       Sosial status ugi dipunginakaken kangge pedoman. Lajeng griya wonten Bali menika  wonten ingkang dipunsebat Puri utawi Jeronan, asring dibangun dening Warna/Wangsa Kesatria. Ananging amargi sakmenika kathah tiyang ingkang sampun sugih wonten Bali, mila sinten kemawon angsal ndamel griya kados sakmenika. Ananging sakmangkih, bedanipun papan kangge sembahyang wonten lebet griya kemawon.

Umah Tradisional Bali

Warna sakmenika kalebet system Hirarki wonten Bali, Hirarkial kagungan pengaruh kalian tata ruang bangunan. Wonten damel griya sakmenika, papan panggenan wonten griya diperang dados kalih:
  • Jaba             : perangan paling njawi wonten bangunan
  • Jaba jero     : mendefinisikan ruangan ingkang perangan wonten antaranipun kaliyan nglebet.
Jero sakmenika kangge deskripsiaken ruangan ingkang wonten lebet, saking satunggaling pola ruang ingkang dipunanggep dados papan paling suci utawi papan paling privacy kanthi konsep kaliyan teknik konstruksi Tri Angga, ingkang kasusun saking hirarki paling ngandhap lajeng dumugi paling nginggil, inggih menika:
  • Nista   : nggambaraken hirarki paling ngandhap wonten satunggaling bangunan, dipunwujudaken kaliyan pondasi utawi bawah rumah kangge panyangga. Bahanipun asring dipundamel saking bata utawi watu gunung. 
  • Madya  :    perangan tengah wonten bangunan ingkang dipunwujudaken kaliyan tembok, jendela lan lawang. Madya menika nggambaraken strata manungsa utawi alam manungsa. 
  • Utama  :  symbol bangunan perangan paling inggil, ingkang dipunwujudaken wonten bentuk atap ingkang dipunyakini dados papan panggenan paling suci, saengga dipunwastani papan panggenan kangge para dewa utawi para leluhur masyarakat Bali ingkang sampun seda. Atap sakmenika kadamel saking ijuk utawi alang-alang.

0 komentar:

Posting Komentar