FUNGSI ALUN ALUN LOR NGAYOGYAKARTA
Alun-alun Lor
Yogyakarta saiki bisa sinebut minangka ruang
public kanggo wargo masyarakat. Kanggo ngengar-engar penggalih. Nalika
isuk utawa sore-sore akeh para warga tuwo enom tekan bocah kang manfaatke
lapangan jembar ing sak ngarepe kraton Yogyakarta. Menawa lagi sebel ing ngomah
kadang dolan menyang alun-alun lor, dolanan bal-balan utawa guyonan. Kejaba
kuwi alun-alun lor kanggo kegiatan keramaian kayata ana pasar malem perayaan Sekaten.
Critane Drs Agung Kurniawan,MSi, kepala perpustakaan kabupaten Kulonprogo kang
nalika jaman cilike lan remaja manggon ing kampong Nataprajan, kang ora adoh
karo alun-alun lor Yogyakarta.Kanggone Agung,
ing jamane nggolek hiburan kang murah meriah iku ana ing alun-alun lor.
Kampanye pemilu sing paling gedhe biasane dipunjerke ing alun-alun. Uga manika
pameran lan pertandhingan olahraga asring diadani ing alun-alun lor. Sejatine
alun-alun lor ora mung sekedar ruang public kanggo masyarakat Jogja. Ana ing
rancangan tata kota kraton jaman mbiyen. Sing jenenge kraton durung
lengkap menawa ora ana alun-alune.Konsep kraton
alun-alun masjid lan pasar iku uga diadopsi ing kaprajan sakngisore kraton,
kayata ing kadipaten, kabupaten tekan kapanelon. Mung wae alun-alun ing tingkat
kabupaten temtu luwih cilik dibandhing
karo alun-alun ing kraton. Semono uga ing tingkat kapanewon utawa kecamatan
miniature alun-alun luwih cilik lan temtu jenenge dudu alun-alun nanging
lapangan kapanewon. Nalika pangeran mangkubumi utawa Sultan Hamengkubuwono I adeg
kraton Yogyakarta Hadiningrat ing tanggal 7 Oktober 1757, kaya para leluhure
nalika ngedhegage kraton Mataram, saliyane mbangun kraton kang kuat uga gawe
alun-alun lor kang ana ing saklore kraton lan alun-alun kidul.